Selasa, 19 Desember 2017

geguritan kembang anggrek wulan

KEMBANGKU
Dening: Daiva Moktika Maharani


Ora wengi ora awan
Cahyamu tetep nyumleret
Putih resik ngadem-adem ati
Kaya wulan nyumleret ing cakra
Melang-meling kena sumlereting srengenge esuk
Ayu, kemayu, ngguya-ngguyu
Dirias sumlereting srengenge
Elok
Gumrandul embun ing kelopakmu
Mesam-mesem pamer ayune
Kedhap-kedhep kaya intan berlian
Endah
Pancen iya
Putihmu resik nyinar
Cahyamu kaya wulan ing cakra
Kembangku, anggrek wulanku

Selasa, 24 Oktober 2017

cerkak

                           AJA KAKEHAN

“Sayur sayuuuur. Ayo bu,mbakyu, nduk. Sayure ayooo.” Yu Sri, bakule sayur ideran tawa-tawa sayur. Nyempring anggone undang-undang.
“Wah, Yu Sri. Kok kadingaren iki rodo gasik le ider?” Rita teka bareng karo kancane si Dwi karo Yanti. Pancen trio kui mesthi wae neng ngendi-ngendi kudu bocah telu. Ora kena dipedhot, ora kena dipisah.
“Iyo iki Rit. Mau le tangi yo rodo gasik. Le adus yo rodo gasik, dadi le ider njuk gasik. Wes, orapopo. Sopo ngerti rejekine nambah yo Rit.”  Wangsule Yu Sri disambi karo mungkusi thokolan.
“Iki thokolane, apa meneh?”
“Uwes wae yu, iki karo tambah trasine.”
“Ya, kene tak wungkuske.”
Ora let suwe, Mas Jono liwat. Tumpakane pit gaselo lanang, kinyis-kinyis katon yen bar dilapi.
Kring kring!! Mas Jono mesem.
“Kae lho Rit, ana Mas Jono kae.” Tuture Dwi, sing diajak ngomong wes mlongo, mripate mendelik sajak e mesem, kaya wong wiruh lintang keling-keling. Mas Jono iku pegawai kelurahan. Bocahe bagus, kulite putih, irunge mbangir, pawakane dhuwur, isih enom, lan sing paling wigati yaiku masa depan wes terjamin. Omahe ya ora adoh seka kono.
“Waaah, Mas Jonoo.” Rita langsung nyegat mas Jono, nyeraki gaselone Mas Jono, marai Mas Jono kudu nyengkah pit e supaya ora ambruk.
“Iya Rit, ana apa?” Wangsule Mas Jono karo sajak bingung. Kok Rita nganti nyegat pit e ki ana apa sakjane. Sing ditakoni malah mung mesam mesem, krdhip-krdhip, mripate ora gelem pindhah seka Mas Jono. Polahe kaya cacing kepanasen. Legat-legot wae. Sing neng ngarepe saya bingung.
“Kok gasik arep nengdi to Mas Jon? Kok bagus tenan, mampir sek ayo mas. Kae Rita bar nggodhog tela.” Wangsule Rita karo mesam-mesem. Tangane maju-maju, arep nggrayah tangane Mas Jono sing isih nggoceki setang pit. Kojur! Mas Jono gila karo Rita. Arep ditinggal yo ora kepenak. Arep disauri kok koyongono bocahe.
“Anu Rit. Aku arep mangkat nyambut gawe iki. Rep neng kelurahan sek ya. Wes keri iki.” Wangsule Mas Jono karo bola-bali niliki jam sing nemplek ana tangane Mas Jono.
“Ah, gek ayo to mas. Mampir sediluk wae.”
“Sesuk wae ya Rit, saiki tak mangkat sek ya. Ndak didukani Pak Lurah.” Wangsule Mas Jono banjur nggeblas lungo.
“Mas Jooooon, malah lungo ki kepiye to,” Bengoke Rita, lambene mrengut, raine ketekuk-tekuk.
“Wes Rit, gek ayo bali wae.” Ajake Yanti. Tangane nggandheng Rita sing isih ngematake Mas Jono ora rampung-rampung. Bocah telu banjur padha bali.
Wayah sorene, nalika Mas Jono bali saka kelurahan, ora sengaja neng dalan kepethuk karo Dewi, putrine Pak Lurah. Bedha karo si Rita, Dewi bocahe kalem. Esemane marai ngadhemke ati. Bocahe yo pinter, ndemenaake.
“Wah, Dewi. Arep nengdi to dek kok mlaku ki?” Ruruhe Mas Jono.
“Arep bali kok mas. Iki mau seka omahe Rini ngeteri jangan mbayung,”  Wangsule Dewi karo mesem.
“Walah. Yo ayo bareng wae po dek?” Mas Jono nawani Dewi supaya gelem mbonceng gaselone.
“Dhisika wae mas. Aku isih arep mampir warung Mbok Yem. Kecape neng omah wes arep entek.”
“wo. Yawes yeng ngonokui. Mangga Dek.”
“Mangga mas.”
Senajan omongane Dewi ora gelem bali bareng Mas Jono amarga arep mampir tuku kecap neng warunge Mok Yem, satenane Dewi pengen banget iso bali bareng karo Ma s Jono. Warunge Mbok yem sing dinggo alesan. Padahal kecap neng omah esih akeh. Dewi banjur bali. Mlakune cekat-ceket saking dredeke. Atine wes ora tenang. Gemruguh amarga kepethuk Mas Jono. Tekane ngomah, Dewi nggoleki ibune. Arep crita anggone mau pethukan karo mas Jono.
“Bu, Sibu. Bu.”
“Ana apa ta,Wik? Koe ki kok bengak-bengok wae.” Wangsule Ibu, tangane esih teles amarga mau bar asah-asah ing pawon. Banjur dew crita yen mau pethukan karo Mas Jono.
“Woalah Wik Dewik. Tak kiro ana apa mau ki. Jebule kepethuk karo Jono to. Wah, nek sibu yo ora srek karo Jono. Apa koe ora reti ta nduk yen Jono kui gendhakane akeh?”.
“He? Napa inggih ta bu?”
“Iya, mosok ora ngandel karo sibu. Kae si Narmi desa kana kae, njuk si Sari RT kulon kana ya iya. Karo siji meneh si Ika bakule soto kae ya iya Wik. Wes, ora usah seneng karo Mas jono. Mengko ndak didadekake gendhakan sing kaping apat koe nduk.”
“Walah-walah, nggih bu. Kula kinten yen mas Jono boten ngoteniku tiyangipun. Sibu kok malah ngertos ta bu?” Dewi esih setengah percaya karo sing lagi wae dingendikakke karo sibune kui.
“Walah, koe kui sing kebangeten nganti ora ngerti. Wong sibu nek blanja neng warung kae sok do nggosip rana rene karo ibu-ibu liya kok.”
“Assalamu’alaikum.”  Bapak kondur seka kelurahan.
‘Wa’alaikumsalam, Pak.” Wangsule Ibu.
“Ana apa ta iki kok ketoke rame-rame, nganti krungu tekan jaba barang?’ Takone Bapak.
“Iki lo pak, Si Dewi. Mau kepethuk Jono neng dalan ki kesenengen. Padahal kan Jono kae ki playboy. Gendhakane nengdi-nengdi. Banjur tak kandani iki.” Wangsule ibu.
Bapak kaya kaget, “Weh. Sok nyeplos wae to ibumu ki. Jono wong bocah bagus bocah pinter bocah apik ngonokae kok dilokke playboy. Jono kae ya bu, nek neng kantor kui sregep bocahe. Apikan. Wes, pokoke aku setuju nduk nek koe karo Mas Jono. Wes, calon mantuku tenan kok si Jono kae.” Wangsule Bapak.
“Wah, yo ora bisa ta pak. Bapak kui ngerti jono gur sing apik-apik wae. Neng kantor kui ya nyambut gawe, ya kudu sregep. Yen ora sregep ya gaweane ora rampung. Sregepa kae yen karo boca wadon yo playboy, Pak. Wes pokoke aku ra setuju dewi karo Jono” Ibu nimbali meneh.
“Aja ngelek-elek calon mantuku ta, bu. Wes pokoke aku setuju.”
“Ora setuju!”
“Setuju!”
“Ora!”
“Sampun-sampun pak, bu. Kok malah sami ribut niku kados pundi ta. Mas Jono mawon kok, malah marai ribut.” Dewi nengahi bapak lan ibune sing ribut amarga ngributake Jono.
“Pun, kula tak adus mawon.”
“Wo lah. Kepiye bocah iki ki. Dikandani bapake kok malah lunga adus.” Ngendikane bapak karo delehake ts ing kursi. Banjur lungguh meja makan golek lawuh. Ibu banjur njupukake sega lan lawuh kanggo bapak.
“Iki pak segane.”
“Ya, bu.”
Rampung adus, Dewi banjur dandan. Mau wes kangsenan karo Rini arep lunga neng Sentro Indah. Siji-sijine mall ing Yogyakarta jaman semono. Rasane yen wes dolan neng Sentro Indah, kaya-kaya wes sing paling gaul sak sekolahan. Jam pitunan, Rini wes ngampiri.
“Mangkat riyin nggih pak, bu.” Pamite Dewi marang wong tuane.
“Ya, ati-ati. Le bali aja wengi-wengi.”
Banjur bocah loro mau padha mangkat menyang Sentro Indah nunggang pit dewe-dewe. Yen arep boncengan rodo kesel, amarga papane ya rodo adoh. Tekane neng Sentro Indah, neng kana akeh wong. Kaya-kaya kabeh wong padha kumpul kabeh ing Sentro Indah, desane suwung. Dewi lan Rini langsung munggah ing lantai ndhuwur, ing gedung bioskop. Pancene niate Dewi lan Rini arep nonton film e Roma Irama sing anyar. Sawise tuku karcis, Dewi lan Rini banjur mlebu bioskop. Film e wes arep diwiwiti. Limang menit meneh. Bocah loro wes padha lungguh neng kursine dhewe-dhewe, banjur nonton film nganti rampung. Sawise rampung film e, Dewi lan Rini banjur metu seka bioskop, bareng karo penonton sing liyane. Ora let suwe, ujug-ujug ana sing nyeluk.
“Dewi.” Sing diceluk banjur mengo. Nggoleki sumbere suara. Jebul seka bocah lanang, kaosan ireng polosan, kathoke jin, sepatu adidas sing jaman semono lagi digandrungi bocah-bocah.
“Dewi ta iki?”
“Iya, aku Dewi. Ngapunten iki, kok ngerti jenengku ya?” Dewi esih bingung. Gumun. Ngeling-eling meneh, sapa sing nyeluk dheweke kui. Kaya-kaya tau ngerti, nanging kok ya lali.
“Alah mosok lali to wik. Aku iki lo. Mamat. Kancamu dhek sekolah SMA biyen.”
“Walah, si Mamat. Sing gaweane nyilihi potelotku ora tau dibalekke kae ya?” Dewi wes rodo kelingan.
“Iyo wik, bener.”
“Mamat sing ora sengaja buku IPS e tak cemplungke blumbang sekolahan kae ya?”
“Iya wik.”
“Mamat sing dihukum Bu Tutik neng lapangan merga njilihake aku topi pas upacara kae ya?”
“Nah, iya wik.”
“Wah, piye mat kabare? Suwe ora kepethuk, saiki nerusake kuliah nengdi?”
“Aku neng ITB wik. Neng Bandung kuliahe. Adoh. Dadi arang baline. Iki ya bali merga weekend ora ana acara neng kampus. La koe saiki nerusake nengdi wik?” wangsule Mamat.
“Aku neng UNY kok Mat. Cerak wae.” Wangsule Dewi.
“Walah, ya sokur. Kok ora kelong ayumu ta wik? Hahaha”
“Iso wae ta. Koe ya mundhak baguse kok Mat. Hahaha” sabanjure, Mamat, Dewi lan Rini neng warung kopi cerak kana, omong-omongan. Ngomongke jaman sekolah SMA biyen, wong lorro padha delik-delikan anggone padha seneng-senengan.
“Iya wik. Mosok ora percaya nek aku biyen seneng karo koe.” Mamat ngguyu.
“Ora ngerti mat. Koe ora kandha.” Wangsule Dewi banjur nyruput wedang jahene.
“Koe biyen lak wes yang-yangan karo Momon ta. Mulane tak delikke anggonku seneng koe.” Ngguyune Mamat rodo suda.
“Weh. Jare sapa? Gosip! Aku ora tau yang-yangan karo Momon kok.”
“Wah, jebul gur salah paham ta.”
“Iya!”
Saktenane, jaman biyen Dewi uga naksir karo Mamat. Sing sok nulungi pas Dewi lagi susah, ya Mamat. Sing mbelani yen Dewi lagi diseneni, ya Mamat. Ananging dewi ora reti yen mamat jebule uga mendem rasa marang Dewi. Mamat kaget krungu critane Dewi kui. Dheweke gur kena korban seka isu-isu sing ora bener.
“Ora Mat, aku saiki ora duwe yang kok.” Wangsule Dewi bare ditakoni Mamat.
“Yen ngono, esih tresna karo aku ora wik?” Mamat tekon. Sing ditskoni meneng wae. Ndungkluk kisinan. Banjur manthuk-manthuk alon. Ora let suwe, bocah telu padha bali. Ngelingi yen wayahe wes saya wengi. Wengi sing nyakseni Dewi nampa tresnane Mamat.
Dina Minggu esuk, Dewi lagi nyirami kembang ing pekarangan. Ibu lagi masak kanggo sarapan. Bapak lagi kerja bakti gawe gorong-gorong karo bapak-bapak lan pemuda dusun. Jam wolunan punjul seprapat, ana mobil sedan mandek ana ngarep omahe Dewi. Sing duwe omah gumun. Kok ora tau-taune ana dhayoh tunggangane sedan. Krungu ana mobil mandek, Ibu banjur metu. Sajake uga gumun. Banjur lawange mobil dibuka, wong lanang metu seka mobil. Nganggo kaos warnane klawu ana tulisane ‘dagadu’ neng ngarep, kathoke cendek sakdengkul ana motif tentarane, sepatune ora ganti, esih sing adidas wingi kae.
“Mamat!” Dewi bungah. Jebule si Mamat teka.
“Kae si Mamat bu.”
“Mamat sapa ta wik?” Ibu esih gumun. Urung rampung le gumun, tangane wes digeret karo Dewi, nyeraki mamat.
“Bu.” Mamat banjur nyalimi Ibu.
“Ya, le. Kancane Dewi po?”
“Sanes bu. Anu, kula pacaripun Dewi.”
“Walah-walah. Kok Dewi ora tau crita ta?” Ibu banjur nyikut Dewi, nagih sing disikut kok duwe pacar baguse kayangana ora tau crita. Dewi mung ngguya ngguyu wae. Durung sida diaturi mlebu, Bapak teka bareng karo Mas Jono.
“Wah, ana dhayoh ta iki.” Ngendikane bapak.
“Inggih Pak.” Mamat banjur nyalimi Bapak banjur disusul nyalimi Mas Jono. Mas Jono wes wanti-wanti iki kok ana bocah lanang teka omahe Dewi.
“Pacare dewi pak.” Ngendikane Ibu. Aduh bu! Kok le ngendika pas ana Mas Jono ta.
“Wo, pacarmu ta wik? Menang banda tok nek iki.” Cletuse Mas Jono. Banjur disikut karo Ibu.
“Ora oleh ngonokui, Jon.”
“Nggih boten ta bu. Wong sing bakale dados mantune sibu niku kula. Sanes niki bu.” Wangsule Mas Jono karo nuding Mamat.
“Halah, gek jare sapa kok kayangana ki?’ wangssule Ibu.
“Pak Lurah wau sampun ngendika lho Bu.” Wangsule Mas Jono, mripate mlirik Bapak. Sing dilirik mung meneng wae.
“Ora, gur digojeki koe mau ki.”
“Wah, nggih boten ta bu.”
“Wes, rasah ribut. Ngene wae. Saiki ditakonke dewe marang Dewi. Wik, koe pilih Jono apa Mamat?”
“Mamat Bu. Jono menika lak sampun gadhah kathah bu gendhakane.” Wangsule Dewi.
“Ora dek, senajan ngono sing tak tenani mung koe.” Mas Jono mbela.
“Ora wae mas.”
“Wes ta? Wes krungu dewe Dewi muni kepiye. Wes gek saiki ora usah ribut. “ Ibu nengahi.
Ora let suwe, ana sing ngundangi, “Mas Jonooo. Wes mas, rasah karo Dewi. Karo aku wae, ayo mampir ngomah. Kebeneran mau esuk bar nggodog tela iki.” Rita ngawe-awe Mas Jono.
“Kojur!” Mas Jono Dredeg, wedi ndak dieret-eret karo rita maneh. Bener, Rita banjur nekani Mas Jono, nggandheng tangane banjur digeret dijak neng omahe. Sing digeret sajake wedi. Arep nyopot gandengane kok kenceng banget. Wes, pasrah wae.
“Mulane mas. Ojo kakehan wadonan. Hahaha.”
Bapak, Ibu, dwei lan mamat ngguyu. Banjur mlebu omah, sarapan lawuh tempe garit diduduhi sop, ora keri sambel bawang lan krupuk. Banjur nyruput teh anget kepul-kepul. Aduh enake.




Selasa, 17 Oktober 2017

pengalaman pribadi

                             KECEMPLUNG

“Nduk, mau awan bulikmu telpon. Ngandani nek sesuk Minggu Simbar arep disunat.” Ngendikane Ibu sing disambi karo ngrajang brambang. Simbar iku anake bulik, adhine Ibu.
“Wah, berati awakedhewe melu ngulon ya bu?” Semaurku. Sing dikarepake “ngulon” iku lungo ing Cilacap. Ing Banyumas. Griyane Simbah.
“Iyo nduk. Mosok Simbar sunatan awakedhewe ora mrono. Anu, saiki gek dicepakke wae klambine sing arep digawa. Sesuk bali sekolah, langsung mangkat ngulon wae”. Welinge ibu.
“Ya bu” semaurku mak bless mlayu mlebu kamar, arep nyepaake klambi sing bakale tak gowo ngulon.
Aku bungah. Seneng yen arep lungo ing griyane simbah. Wes mesthi nyenengake. Mbah Putri yen masak mesthi enak. Mbah Kakung uga nyenengake. Sedulure Ibu sing ono 9 cacahe. Sing nganti seprene aku rung iso ngapalake urut-urutane sedulure ibu. Ibu anak kaping 3. Duwe 2 kakang lan 7 adhi. Seka 10 kui, sing wadon ono 3 cacahe, kalebet ibu. Turahe, lanang sakabehe. Ora bisa mbayangke jaman biyen nalika isih padha bocah. Kayangapa ramene omah.
“Uwes cepak bu” Jareku karo rodo mbengok. Amarga aku ngomong seka kamar, dene ibu ing pawon.
“Ya, sesuk tak lebokke mobil” Wangsulane Ibu.
Esuke, dina Sabtu aku mangkat sekolah. Nalika kui, aku kelas 4 SD. Isih cilik. Isih ngglidhik, peplayon ora reti wayah, udan-udan ora reti reget, dolan sawah, dolan kali ora wedi keceh. Nganti raine ireng mingis-mingis, urung reti pupur lan benges. Sing paling wigati, jaman semono aku isih kuru. Aku mangkat sekolah bareng karo ibu sing uga mulang ing SD ku. Kira-kira jam 2 nan awan, aku lan ibu siap-siap arep bali ngomah. Tekan ngomah, banjur adus.
“Wah, nanggung wektune. Nunggu ashar sisan wae yo.” ngendikane Bapak. Ibu ora semaur. Ananging ekspresine nuduhake yen setuju. Aku yo gur meneng wae.
Sakbubare sholat ashar, banjur mangkat. Perjalanan seka Jogja tekan Banyumas kira-kira nganti 5 jam. Saktenane 4 jam uga tekan. Ananging Bapak alon-alon anggone nyopir. Karo nyetel tape mobil. Lagu favorit seka Bapak. Judule ‘Gereja Tua’ ora reti lagune sopo. Sak ngertiku Bapak hobi banget nggitar lagu kui nalika sore-sore neng teras omah. Nganti aku wes apal lagune, saking seringe ngrungokke. Lagune pancen apik. Syahdu.Suwe-suwe aku yo melu seneng karo lagu iku.
“Nduk, gek tangi. Iki wes tekan lo.” Pupuku ditepuki, banjur dielus dening Ibu. Aku kriyip-kriyip melek alon-alon. Wah. Jebule wes tekan griyane simbah. Jebule aku keturon ing dalan. Saking kepenake Bapak anggone nyopir, isih ditambah karo lagu-lagu. Marai mripat ora kuat melek meneh.
Aku banjur mudhun seka mobil. Banjur ngewangi Ibu ngedhunake tas-tas lan oleh-oleh kripik sing digawa Ibu seka Jogja. Ing teras, wes ana mbah Kakung. Mesem. Sedhakep.
“Gagian maring ngeneh koh. Putune nyong sing ayu dhewek. (Gek rene to. Putuku sing ayu dhewe.)” Ngendikane Simbah nganggo basa ngapake sing khas. Tangane ngawe-awe pratanda aku kudu gek moro. Ora nunggu suwe, aku banjur mlayu marang Mbah Kakung.
“Mbah Kung.” Jareku karo mlayu, bungah. Saktekane ing panggone Mbah Kakung ngadek mau, aku langsung digendhong dening Simbah. Diambung pipine. Dicithesi irunge.
“Ben mancung.” Ngendikane Simbah.
“Hahaha” Aku ngguyu. Mbah kakung uga ngguyu. Ah, Mbah Kakung. Aku banjur didhunake seka gendhonge Mbah Kakung. Simbah mesthi uga kabotan nggendhong aku sing wes kelas 4. Wes ora cilik meneh. Hahaha.
“Anu, Mbah Putri pundi? Neng mburi ya? Nggoreng mendoan?” Aku takon marang Mbah Kakung. Basa ngapak pancen ngono. Sok ora ketok bedane sing krama karo ngoko. Nek aku nggatekake wong-wong neng kono padha ngonokui anggone bebasan.
“Iya kue. Ngana diparani bae. Kayane tah mendoane wis mateng. (Iyo kae. Kono diparani wae. Ketoke mendoane wes mateng)”. Aku mlayu seka teras tekan pawone Simbah. Rodo kesel. Omahe Simbah pancen jembar tenan. Ngelingi anake ana 10 cacahe. Kamare uga ana 10. Jejer-jejer kaya kos-kosan. Ana Mbah Putri ing pawon. Pancen tenan. Lagi nggoreng mendoan. Simbah tak kekep seko mburi.
“Ah! Jan. Iva. Ngageti bae. Wis gutul ya. Kesel mbok? Geh, mendoane dimaem. Karo kupat ya enak. Ah! Jan. Iva. Ngageti wae. Wes tekan ya. Kesel to? Iki, mendoane dimaem. Karo kupat ya enak.“ Ngendikane Mbah Putri disambi milihake mendoan kang wes rodo anget nggo aku. Aku namung ngguyu, karo nampa mendoan seka Mbah Putri.
“Kie, sisan digawa aring ngarep ya. Mengko simbah nyusul. (Iki, sisan digowo neng ngarepan ya. Mengko Simbah nyusul.” Simbah maringi rong piring mendoan kemepul. Enak tenan. Aku mlaku ing ngarepan. Melu omong-omongan bapak, ibu, simbah, om, bulik. Akeh. Sedulure akeh. Seneng. Nganti Mbah Putri nyusul melu omong-omongan. Gojekan. Sok-sok ngguyu bareng. Karo nyruput wedang teh sing digawa Mbah Putri. Karo nglethus mendoan anget. Ah. Kagen.
Bengine, acara sunatane Simbar. Aku nganggo klambi anyar seka bulik. Warna kuning. Apik. Aku mangkat bareng Nanda, sedulurku. Ora bareng Bapak lan Isbu. Omahe Simbar cerak karo omahe Simbah. Mung gari nyabrang dalan gedhe. Aku lan Nanda mangkat dhisik, disebrangake dening Om Wawan, adhine Ibu. Sakbanjure, mlaku bocah 2 tekan omahe Simbar. Ing omahe Simbar wes rame wong-wong do nyumbang. Padhange gumebyar. Dipasangi tratag. Lagune dangdutan. Wah. Aku banjur nggoleki Simbar. Mlebu ing omahe Simbar. Jebul Simbar ono ing ruang tamu. Tak parani, bareng karo Nanda. Simbar ngawe-awe karo mesem. Banjur meneng wae. Raine koyo wong tegang. Marai ngampet ngguyu.
“Hahaha. Biasa bae raine Mbar. Ora usah deg-degan kaya kue. (Hahaha. Biasa wae raine Mbar. Orasah deg-degan koyongono.)’ Jareku ngguyu, karo molesi sirahe simabr. Nanda melu-melu. Nggodha. Ben ora sepaneng.
“Iya kue mbak Iva. Simbar tah kacir. Jere wingi ora wedi koh siki kaya kue. (Iyo kui mbak Iva. Simbar ki jirih. Jare wingi wani kok saiki koyongono.)” ngendikane bulik.
“Weh bulik. “ Aku salim karo bulik lan om.
“Neng jaba bae yuh lah. (neng jobo wae ayo to.)” Aku nggeret tangane Simbar karo Nanda. Bocah 3 mlaku tekan jobo. Lungguh ing bangku ing pinggir dalan. Ora adoh seka awakedhewe lungguh, ana Mbah kakung lagi omong-omongan karo Pak RW. Aku gojekan bocah 3 karo Nanda lan Simbar. Ora let suwe, ana sorote lampu mobil seko ujung gang.
Pim pim. Klaksone muni. Nalika saya cedhak, jebule kui Bapak lan Ibu. Aku bungah. Seneng banget Bapak Ibu wes tekan omahe Simbar. Aku mlayu-mlayu. Rekane arep nyusul Bapak Ibu.
Byur! Saking bungahe aku anggone arep nyusul Bapak Ibu, ujug-ujug aku kecemplung ing kali. Aku lali yen ing ngarep omahe Simbar ono kali. Aku ora reti ekspresine wong-wong sing ana neng kana. Isin. Arep munggah ing dalan meneh yo ora iso. Banyune kali nganti sak dhuwure weteng. Klebus. Banjur ono Mbah Kakung ngulungake tangane ngewangi aku mentas seka kali. Banjur digawa mlebu omahe Simbar. Saking isine, aku ora wani ndelok sopo-sopo. Mung ndingkluk, manut Mbah kakung anggone nuntun aku.
Aku mung krungu ono sing ngomong, “Anake Puj kecemplung sier apa? Aduh, deneng melasi temen. (Anake Puji kecemplung kali po? Aduh, kok mesaake tenan.)”.
Aku ora reti ekspresine Nanda karo Simbar. Opo ngampet ngguyu, opo krasa mesaake wiruh aku kecemplung kali. Aku ora reti. Sak ngertiku, ora let suwe aku kecemplung kali mau, Simbar banjur mangkat ing rumah saikit. Sak rombongan. Nanda uga melu. Bapak Ibu uga melu. Kabeh melu. Aku ing ruang tamu ndhepis. Kadhemen. Mbah Putri banjur teka. Nggawa andhuk lan minyak telon. Amarga ora nggawa ganti, aku nganggo klambine Simbar sak anane.
“Alah-alah, deneng bisa kaya kie. Miki ora ndelengna apa kepriwe? (Alah-alah. Kok iso koyonengene. Mau ora ndelokke po kepiye?” Takone Mbah Putri. Aku meneng wae.
“Wis, nganggo klambine Simbar dhisit bae ya? Tek jiotna maem. Mbok ngelih. (Wes, nganggo klambine Simbar sek wae ya? Tak jikukke maem. Ngelih to.)”. Aku meneng wae. Namung geleng-geleng. Pratanda ora kepengin dijukukke maem. Sakwise Mbah Putri mbalekake andhuk lan minyak, aku banjur mlayu ing kamare Simbar. Turu. Tinimbang mengko yen rombongane Simbar teka, aku mesthi ditakon-takoni. Aku pilih turu wae. Senajan ora ngantuk. Senajan pengin wiruh anggone Simbar mlaku pincang-pincang amarga bar disunat. Senajan pengin nggodhani Simbar. Aku pilih turu wae. Isin. Gawe pengarep-arep muga-muga sesuk esuk tangi wong-wong wes padha lali yen aku kecemplung kali. Amin.
Bengi kui. Pengalaman kang ora bisa tak lalekake nganti saiki. Isine isih ono yen eling jamane semono. Maturnuwun Gusti. Matur nuwun Mbah kakung. Maturnuwun Mbah Putri.

Senin, 18 September 2017

WAYAH ESUK
Dening: Daiva Moktika Maharani

Sumleret srengenge pating semlorot
Nembus jendela, nembus lawang
Ngasilake endahing cahya
Anget manget nggusah adheming hawa

Pating grandhul embun ana ing godhong
Melang-meling kena sloroting srengenge esuk
Kemayu, kedhap-kedhep pamer kaendahane
Elok

Manuk-manuk pating cruwit, merdhu
Kembange padha mesam-mesem
Nggugah anggone angler turu
Ngundang rasa bungah, gumregah

Ah, swasana iki
Swasana adem ayem
Swasana kang nentremke ati
Swasana ing wayah esuk




Selasa, 12 September 2017

resensi


JUDUL  BUKU : Lintang Panjer Rina
PENGARANG : Daniel Tito
PENERBIT : Yayasan Sasmita Budaya Sragen
TAHUN TERBIT : 2002
HALAMAN : 115 halaman


Harjito lan Winarsih yaiku sakpasang wong lanang lan wadong kang sambung tresna seka jaman SMA. Wong 2 kui duweni rencana arep bebojoan sakwise lulus SPG. Ananging kekarepan iku ora bisa kawujud. Winarsih wis dijodhohake karo wong lanang bagus lan sugih kang jenenge Sumardi dening ibune. Sumardi duweni pagawean dadi pegawai bank. Harjito lan Winarsih nggoleki cara supaya Winarsih ora sida rabi karo Sumardi
            Harjito lan Winarsih ora kesel anggone golek cara kang mantep. Akhire Harjito lan Winarsih mantep arep nglanjutake anggone sekolah nganti sarjana. Ananging, Sumardi malah duweni kekarepan arep ngragati Winarsih anggone sekolah kanthi syarat Winarsih gelem dipek bojo karo Sumardi. Kabecikane Sumardi gawe hubungane Winarsih lan Sumardi justru dadi saya raket.
            Harjito lan Winarsih kepethuk nalika acara perpisahan sekolah lan iku pethukan kang pungkasan kanggp Harjitp lan Winarsih. Sakbanjure acara kui, Harjito lan winarsih wis ora tau pethukan meneh. Winarsih wis nampa Sumardi, lan wis gelem bebijoan karo Sumardi. Nalika isih manten anyar, Winarsih krasa bungah lan seneng saben dinane urip sesandhingan karo Sumardi. Ananging, jebule Winarsih salah anggone mangerteni kabecikane Sumardi.
            Sumardi ora tau bali, pamite marang Winarsih arep lembur kerja. Ananging, jebule Sumardi duweni wong wedok liya yaiku Warni. Warni wis duweni anak seka hubungane karo Sumardi senajan wong 2 kui urung bebojoan. Sakliyane bukti selingkuh karo Warni, Sumardi uga kebukti nglakoni korupsi. Perkara iki ingkang gawe Winarsih kuciwa lan sedhih. Amarga wis ora tahan, Winarsih njaluk pegat karo Sumardi.
            Saben dina-dinane Winarsih pancen mrihatinake, beda karo Harjito. Sakbare lulus sekolah, Harjito duwe pepenginan nyambut gawe ing Jakarta lan nglanjutake pendidikane ing Jogja. Ananging, sedulure Harjito ngajak harjito nyambut gawe ing Sumatera. Banjur, Harjito lan sedulure kang sekaligus kancane bebarengan menyang Sumatera. Harjito duwe pengarep-arep miwiti uripe lan bisa lali marang Winarsih.
Sawijining dina, nalika Harjito nyambut gawe, dheweke dikagetake karo tekane Winarsih. Winarsih dhuwe panjaluk supaya Harjito gelem bali marang Winarsih meneh. Ananging, harjito wis kebanjur lara ati saingga ora bisa nampa Winarsih. Winarsih uga mangerteni keputusane Harjito. Winarsih ora kuciwa. Banjur Winarsih bali ing desane tanpa rasa kuciwa apa meneh nesu karo harjito.
Harjito bisa nglakoni mimpine yaiku nglanjutake pendidikane ing ASRI. Ananging, sakdurunge Harjito bisa ngrasakake sekolah meneh, dheweke oleh kabar yen ibune lara lan kudu opname ing rumah sakit. Amarga kui, Harjito langsung bali lan ora sida nglanjutake sekolahe. Ananging Harjito kaget nalika mangerteni yen Winarsih sing wis ngruwat ibune ing rumah sakit.
Sawijining esuk, nalika harjito ana ing pekarangan omahe, Winarsih teka dolan. Harjito lan Winarsih omong-omongan sakwise suwe ora tau omong-omongan. Ananging nalika wong 2 kui omong-omongan, Harjito ujug-ujug ngekep Winarsih. Winarsih krasa bungah nalika dikekep Harjito. Esuk kui, Harjito ngekep Winarsih ing ngisore lintang panjer rina sumorot tajem. Winarsih bales ngekep Harjito kenceng. Pangrangkule saya kraket. Banjur, wong 2 kui padha-padha njaluk ngapura.
KEKIRANGAN : Ing novel “Lintang Panjer Rina” menika tasih wonten bab ingkang agawe bosen tiyang ingkang maos.
KELEBIHAN : Crita ingkang dipunandharaken novel “Lintang Panjer Rina” menika sampun sae, menarik. Ndudut tema babagan katresnan ingkang kathah dipunremeni kalihan tiyang sanes. Basa ingkang dipunangge wonten ing novel menika ugi sampun sae, biten mubeng-mubeng, sederhana. Sahengga boten angel anggenipun mahami critanipun.
SARAN : Kangge maos saha paham kalihan crita ing novel “Lintang panjer Rina” menika, pamaos kedah konsentrasi saha melu dalanipun alur saking panyerat.