AJA KAKEHAN
“Sayur sayuuuur. Ayo bu,mbakyu, nduk. Sayure ayooo.” Yu Sri, bakule sayur ideran tawa-tawa sayur. Nyempring anggone undang-undang.
“Wah, Yu Sri. Kok kadingaren iki rodo gasik le ider?” Rita teka bareng karo kancane si Dwi karo Yanti. Pancen trio kui mesthi wae neng ngendi-ngendi kudu bocah telu. Ora kena dipedhot, ora kena dipisah.
“Iyo iki Rit. Mau le tangi yo rodo gasik. Le adus yo rodo gasik, dadi le ider njuk gasik. Wes, orapopo. Sopo ngerti rejekine nambah yo Rit.” Wangsule Yu Sri disambi karo mungkusi thokolan.
“Iki thokolane, apa meneh?”
“Uwes wae yu, iki karo tambah trasine.”
“Ya, kene tak wungkuske.”
Ora let suwe, Mas Jono liwat. Tumpakane pit gaselo lanang, kinyis-kinyis katon yen bar dilapi.
Kring kring!! Mas Jono mesem.
“Kae lho Rit, ana Mas Jono kae.” Tuture Dwi, sing diajak ngomong wes mlongo, mripate mendelik sajak e mesem, kaya wong wiruh lintang keling-keling. Mas Jono iku pegawai kelurahan. Bocahe bagus, kulite putih, irunge mbangir, pawakane dhuwur, isih enom, lan sing paling wigati yaiku masa depan wes terjamin. Omahe ya ora adoh seka kono.
“Waaah, Mas Jonoo.” Rita langsung nyegat mas Jono, nyeraki gaselone Mas Jono, marai Mas Jono kudu nyengkah pit e supaya ora ambruk.
“Iya Rit, ana apa?” Wangsule Mas Jono karo sajak bingung. Kok Rita nganti nyegat pit e ki ana apa sakjane. Sing ditakoni malah mung mesam mesem, krdhip-krdhip, mripate ora gelem pindhah seka Mas Jono. Polahe kaya cacing kepanasen. Legat-legot wae. Sing neng ngarepe saya bingung.
“Kok gasik arep nengdi to Mas Jon? Kok bagus tenan, mampir sek ayo mas. Kae Rita bar nggodhog tela.” Wangsule Rita karo mesam-mesem. Tangane maju-maju, arep nggrayah tangane Mas Jono sing isih nggoceki setang pit. Kojur! Mas Jono gila karo Rita. Arep ditinggal yo ora kepenak. Arep disauri kok koyongono bocahe.
“Anu Rit. Aku arep mangkat nyambut gawe iki. Rep neng kelurahan sek ya. Wes keri iki.” Wangsule Mas Jono karo bola-bali niliki jam sing nemplek ana tangane Mas Jono.
“Ah, gek ayo to mas. Mampir sediluk wae.”
“Sesuk wae ya Rit, saiki tak mangkat sek ya. Ndak didukani Pak Lurah.” Wangsule Mas Jono banjur nggeblas lungo.
“Mas Jooooon, malah lungo ki kepiye to,” Bengoke Rita, lambene mrengut, raine ketekuk-tekuk.
“Wes Rit, gek ayo bali wae.” Ajake Yanti. Tangane nggandheng Rita sing isih ngematake Mas Jono ora rampung-rampung. Bocah telu banjur padha bali.
Wayah sorene, nalika Mas Jono bali saka kelurahan, ora sengaja neng dalan kepethuk karo Dewi, putrine Pak Lurah. Bedha karo si Rita, Dewi bocahe kalem. Esemane marai ngadhemke ati. Bocahe yo pinter, ndemenaake.
“Wah, Dewi. Arep nengdi to dek kok mlaku ki?” Ruruhe Mas Jono.
“Arep bali kok mas. Iki mau seka omahe Rini ngeteri jangan mbayung,” Wangsule Dewi karo mesem.
“Walah. Yo ayo bareng wae po dek?” Mas Jono nawani Dewi supaya gelem mbonceng gaselone.
“Dhisika wae mas. Aku isih arep mampir warung Mbok Yem. Kecape neng omah wes arep entek.”
“wo. Yawes yeng ngonokui. Mangga Dek.”
“Mangga mas.”
Senajan omongane Dewi ora gelem bali bareng Mas Jono amarga arep mampir tuku kecap neng warunge Mok Yem, satenane Dewi pengen banget iso bali bareng karo Ma s Jono. Warunge Mbok yem sing dinggo alesan. Padahal kecap neng omah esih akeh. Dewi banjur bali. Mlakune cekat-ceket saking dredeke. Atine wes ora tenang. Gemruguh amarga kepethuk Mas Jono. Tekane ngomah, Dewi nggoleki ibune. Arep crita anggone mau pethukan karo mas Jono.
“Bu, Sibu. Bu.”
“Ana apa ta,Wik? Koe ki kok bengak-bengok wae.” Wangsule Ibu, tangane esih teles amarga mau bar asah-asah ing pawon. Banjur dew crita yen mau pethukan karo Mas Jono.
“Woalah Wik Dewik. Tak kiro ana apa mau ki. Jebule kepethuk karo Jono to. Wah, nek sibu yo ora srek karo Jono. Apa koe ora reti ta nduk yen Jono kui gendhakane akeh?”.
“He? Napa inggih ta bu?”
“Iya, mosok ora ngandel karo sibu. Kae si Narmi desa kana kae, njuk si Sari RT kulon kana ya iya. Karo siji meneh si Ika bakule soto kae ya iya Wik. Wes, ora usah seneng karo Mas jono. Mengko ndak didadekake gendhakan sing kaping apat koe nduk.”
“Walah-walah, nggih bu. Kula kinten yen mas Jono boten ngoteniku tiyangipun. Sibu kok malah ngertos ta bu?” Dewi esih setengah percaya karo sing lagi wae dingendikakke karo sibune kui.
“Walah, koe kui sing kebangeten nganti ora ngerti. Wong sibu nek blanja neng warung kae sok do nggosip rana rene karo ibu-ibu liya kok.”
“Assalamu’alaikum.” Bapak kondur seka kelurahan.
‘Wa’alaikumsalam, Pak.” Wangsule Ibu.
“Ana apa ta iki kok ketoke rame-rame, nganti krungu tekan jaba barang?’ Takone Bapak.
“Iki lo pak, Si Dewi. Mau kepethuk Jono neng dalan ki kesenengen. Padahal kan Jono kae ki playboy. Gendhakane nengdi-nengdi. Banjur tak kandani iki.” Wangsule ibu.
Bapak kaya kaget, “Weh. Sok nyeplos wae to ibumu ki. Jono wong bocah bagus bocah pinter bocah apik ngonokae kok dilokke playboy. Jono kae ya bu, nek neng kantor kui sregep bocahe. Apikan. Wes, pokoke aku setuju nduk nek koe karo Mas Jono. Wes, calon mantuku tenan kok si Jono kae.” Wangsule Bapak.
“Wah, yo ora bisa ta pak. Bapak kui ngerti jono gur sing apik-apik wae. Neng kantor kui ya nyambut gawe, ya kudu sregep. Yen ora sregep ya gaweane ora rampung. Sregepa kae yen karo boca wadon yo playboy, Pak. Wes pokoke aku ra setuju dewi karo Jono” Ibu nimbali meneh.
“Aja ngelek-elek calon mantuku ta, bu. Wes pokoke aku setuju.”
“Ora setuju!”
“Setuju!”
“Ora!”
“Sampun-sampun pak, bu. Kok malah sami ribut niku kados pundi ta. Mas Jono mawon kok, malah marai ribut.” Dewi nengahi bapak lan ibune sing ribut amarga ngributake Jono.
“Pun, kula tak adus mawon.”
“Wo lah. Kepiye bocah iki ki. Dikandani bapake kok malah lunga adus.” Ngendikane bapak karo delehake ts ing kursi. Banjur lungguh meja makan golek lawuh. Ibu banjur njupukake sega lan lawuh kanggo bapak.
“Iki pak segane.”
“Ya, bu.”
Rampung adus, Dewi banjur dandan. Mau wes kangsenan karo Rini arep lunga neng Sentro Indah. Siji-sijine mall ing Yogyakarta jaman semono. Rasane yen wes dolan neng Sentro Indah, kaya-kaya wes sing paling gaul sak sekolahan. Jam pitunan, Rini wes ngampiri.
“Mangkat riyin nggih pak, bu.” Pamite Dewi marang wong tuane.
“Ya, ati-ati. Le bali aja wengi-wengi.”
Banjur bocah loro mau padha mangkat menyang Sentro Indah nunggang pit dewe-dewe. Yen arep boncengan rodo kesel, amarga papane ya rodo adoh. Tekane neng Sentro Indah, neng kana akeh wong. Kaya-kaya kabeh wong padha kumpul kabeh ing Sentro Indah, desane suwung. Dewi lan Rini langsung munggah ing lantai ndhuwur, ing gedung bioskop. Pancene niate Dewi lan Rini arep nonton film e Roma Irama sing anyar. Sawise tuku karcis, Dewi lan Rini banjur mlebu bioskop. Film e wes arep diwiwiti. Limang menit meneh. Bocah loro wes padha lungguh neng kursine dhewe-dhewe, banjur nonton film nganti rampung. Sawise rampung film e, Dewi lan Rini banjur metu seka bioskop, bareng karo penonton sing liyane. Ora let suwe, ujug-ujug ana sing nyeluk.
“Dewi.” Sing diceluk banjur mengo. Nggoleki sumbere suara. Jebul seka bocah lanang, kaosan ireng polosan, kathoke jin, sepatu adidas sing jaman semono lagi digandrungi bocah-bocah.
“Dewi ta iki?”
“Iya, aku Dewi. Ngapunten iki, kok ngerti jenengku ya?” Dewi esih bingung. Gumun. Ngeling-eling meneh, sapa sing nyeluk dheweke kui. Kaya-kaya tau ngerti, nanging kok ya lali.
“Alah mosok lali to wik. Aku iki lo. Mamat. Kancamu dhek sekolah SMA biyen.”
“Walah, si Mamat. Sing gaweane nyilihi potelotku ora tau dibalekke kae ya?” Dewi wes rodo kelingan.
“Iyo wik, bener.”
“Mamat sing ora sengaja buku IPS e tak cemplungke blumbang sekolahan kae ya?”
“Iya wik.”
“Mamat sing dihukum Bu Tutik neng lapangan merga njilihake aku topi pas upacara kae ya?”
“Nah, iya wik.”
“Wah, piye mat kabare? Suwe ora kepethuk, saiki nerusake kuliah nengdi?”
“Aku neng ITB wik. Neng Bandung kuliahe. Adoh. Dadi arang baline. Iki ya bali merga weekend ora ana acara neng kampus. La koe saiki nerusake nengdi wik?” wangsule Mamat.
“Aku neng UNY kok Mat. Cerak wae.” Wangsule Dewi.
“Walah, ya sokur. Kok ora kelong ayumu ta wik? Hahaha”
“Iso wae ta. Koe ya mundhak baguse kok Mat. Hahaha” sabanjure, Mamat, Dewi lan Rini neng warung kopi cerak kana, omong-omongan. Ngomongke jaman sekolah SMA biyen, wong lorro padha delik-delikan anggone padha seneng-senengan.
“Iya wik. Mosok ora percaya nek aku biyen seneng karo koe.” Mamat ngguyu.
“Ora ngerti mat. Koe ora kandha.” Wangsule Dewi banjur nyruput wedang jahene.
“Koe biyen lak wes yang-yangan karo Momon ta. Mulane tak delikke anggonku seneng koe.” Ngguyune Mamat rodo suda.
“Weh. Jare sapa? Gosip! Aku ora tau yang-yangan karo Momon kok.”
“Wah, jebul gur salah paham ta.”
“Iya!”
Saktenane, jaman biyen Dewi uga naksir karo Mamat. Sing sok nulungi pas Dewi lagi susah, ya Mamat. Sing mbelani yen Dewi lagi diseneni, ya Mamat. Ananging dewi ora reti yen mamat jebule uga mendem rasa marang Dewi. Mamat kaget krungu critane Dewi kui. Dheweke gur kena korban seka isu-isu sing ora bener.
“Ora Mat, aku saiki ora duwe yang kok.” Wangsule Dewi bare ditakoni Mamat.
“Yen ngono, esih tresna karo aku ora wik?” Mamat tekon. Sing ditskoni meneng wae. Ndungkluk kisinan. Banjur manthuk-manthuk alon. Ora let suwe, bocah telu padha bali. Ngelingi yen wayahe wes saya wengi. Wengi sing nyakseni Dewi nampa tresnane Mamat.
Dina Minggu esuk, Dewi lagi nyirami kembang ing pekarangan. Ibu lagi masak kanggo sarapan. Bapak lagi kerja bakti gawe gorong-gorong karo bapak-bapak lan pemuda dusun. Jam wolunan punjul seprapat, ana mobil sedan mandek ana ngarep omahe Dewi. Sing duwe omah gumun. Kok ora tau-taune ana dhayoh tunggangane sedan. Krungu ana mobil mandek, Ibu banjur metu. Sajake uga gumun. Banjur lawange mobil dibuka, wong lanang metu seka mobil. Nganggo kaos warnane klawu ana tulisane ‘dagadu’ neng ngarep, kathoke cendek sakdengkul ana motif tentarane, sepatune ora ganti, esih sing adidas wingi kae.
“Mamat!” Dewi bungah. Jebule si Mamat teka.
“Kae si Mamat bu.”
“Mamat sapa ta wik?” Ibu esih gumun. Urung rampung le gumun, tangane wes digeret karo Dewi, nyeraki mamat.
“Bu.” Mamat banjur nyalimi Ibu.
“Ya, le. Kancane Dewi po?”
“Sanes bu. Anu, kula pacaripun Dewi.”
“Walah-walah. Kok Dewi ora tau crita ta?” Ibu banjur nyikut Dewi, nagih sing disikut kok duwe pacar baguse kayangana ora tau crita. Dewi mung ngguya ngguyu wae. Durung sida diaturi mlebu, Bapak teka bareng karo Mas Jono.
“Wah, ana dhayoh ta iki.” Ngendikane bapak.
“Inggih Pak.” Mamat banjur nyalimi Bapak banjur disusul nyalimi Mas Jono. Mas Jono wes wanti-wanti iki kok ana bocah lanang teka omahe Dewi.
“Pacare dewi pak.” Ngendikane Ibu. Aduh bu! Kok le ngendika pas ana Mas Jono ta.
“Wo, pacarmu ta wik? Menang banda tok nek iki.” Cletuse Mas Jono. Banjur disikut karo Ibu.
“Ora oleh ngonokui, Jon.”
“Nggih boten ta bu. Wong sing bakale dados mantune sibu niku kula. Sanes niki bu.” Wangsule Mas Jono karo nuding Mamat.
“Halah, gek jare sapa kok kayangana ki?’ wangssule Ibu.
“Pak Lurah wau sampun ngendika lho Bu.” Wangsule Mas Jono, mripate mlirik Bapak. Sing dilirik mung meneng wae.
“Ora, gur digojeki koe mau ki.”
“Wah, nggih boten ta bu.”
“Wes, rasah ribut. Ngene wae. Saiki ditakonke dewe marang Dewi. Wik, koe pilih Jono apa Mamat?”
“Mamat Bu. Jono menika lak sampun gadhah kathah bu gendhakane.” Wangsule Dewi.
“Ora dek, senajan ngono sing tak tenani mung koe.” Mas Jono mbela.
“Ora wae mas.”
“Wes ta? Wes krungu dewe Dewi muni kepiye. Wes gek saiki ora usah ribut. “ Ibu nengahi.
Ora let suwe, ana sing ngundangi, “Mas Jonooo. Wes mas, rasah karo Dewi. Karo aku wae, ayo mampir ngomah. Kebeneran mau esuk bar nggodog tela iki.” Rita ngawe-awe Mas Jono.
“Kojur!” Mas Jono Dredeg, wedi ndak dieret-eret karo rita maneh. Bener, Rita banjur nekani Mas Jono, nggandheng tangane banjur digeret dijak neng omahe. Sing digeret sajake wedi. Arep nyopot gandengane kok kenceng banget. Wes, pasrah wae.
“Mulane mas. Ojo kakehan wadonan. Hahaha.”
Bapak, Ibu, dwei lan mamat ngguyu. Banjur mlebu omah, sarapan lawuh tempe garit diduduhi sop, ora keri sambel bawang lan krupuk. Banjur nyruput teh anget kepul-kepul. Aduh enake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar